Rabu, 26 Agustus 2009

Tugaas B.jwa

1. Ana gula,ana semut: Panggonan sing akeh rejekine , mesti akih sing nekani
  Warteg Bu Ngatinah kathah ingkang numbasi,amargi panggenanipun resik,daharanipun echo sanget.
2. Anirna patra: Ngungkiri tulisane dewe
  Bagus wis gawe peraturan,saben wengi kudu sinau. Kala wingi Bagus pikantuk dolanan komputer saking Sugab. Bengine, Bagus ora sinau malah dolanan computer. 
3. Arep jamure emoh watange: Gelem kepenake,ora gelem rekasane
  Kala wingi Pak Nyamat ngutus murid 8D kanggo kerja kelompok. Budi, Adit, Agram sak kelompok.Kerja keompoke ning omahe Adit.Adit lan Chandra ngerjakna tugas,ananging Agram malah dolanan laptop.Agram mung nitip jeneng bae.
4. Asu gedhe menang kerahe: Wong kang dhuwur pangkate, mesthi wae luwih duwur panguasane
  Pak Taka menika manager HRD wonten OK TV.Gajine luwih akih lan panguasane luwih gede dibandingke karo Sayuti.Sayuti menika OB wonten OK TV.Dadi Pak Taka saget ngutus Sayuti amargi pangkate luwih duwur.
5. Ana catur mungkur: Ora seneng nyampuri urusaning wong liya
  Pak Agram gadhah masalah gede banget.Pak Marga kuwi rencange pak Marga saking alit.Angger ana masalah mesti Pak Agram cerita karo Pak Marga.ananging wektu ana masalah iki Pak Agram ora cerita karo Pak Marga.Sanajan Pak Marga kancane Pak Agram kawit cilik Pak Marga ura takon masalahe Pak Agram.
6. Anak polah bapa kepradah: Wong tua melu repot,amarga tumindhak anake.
  Agram kuwi nderek ngagem Narkoba .Agram kecekel polisi.Pak Marga tiang sepuhe Agram melu keisinan amarga tingkah polahe anake.Pak marga dianggep ura bisa ndidik anak.
7. Arep nangkane emoh pulute: Gelem kepenake,emoh nglakoni rekasane.
  Agram,Marga,Grama menyang Semarang numpak mobil.Ing tengah dalan mobil sing ditumpaki Agram Marga lan Grama mogok.Agram lan Marga dandani mobil.Nanging Gram aura ngewangi malah dolanan Hp.Wektu mobile wis bisa Grama langsung numpak mobil.
8. Mbidung api rawag: Ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
  Agram duwe masalah karo Thana.Agram kuwi seneng karo Thana.Adoo kuwi kancane Agram lan Thana.Adoo kuwi padha bae seneng karo Thana.Adoo ethog-ethog ngewangi Agram supaya bisa apikan maneh karo Thana.Ananging Adoo ngedu Thana lan Agram.Ura apikan malah dadi musuh.
9. Belo melu seton: Bisane mung melu-melu,ora ngerti sing dikarepake mburu uceng.
  Agram nemoni kancane sing lagi kumpul-kumpul.Agram wis akrab karo kanca-kancane kuwi.Salah siji kancane Agram,Marga nakoni,Agram melu apa ora,tanpa basa-basi Agram jawab ya.Sorene Agram lan bala-balane mlayu ning lapangan,nyatane bala-balane malah tawuran.
10. Bebek diwuruhi nglangi: Wong pinter diulang mesthi gelis bisa.
  Airva kuwi bocah sing pinter.Wektu diterangje gurune Thana ngerungokake.Mulane kuwi Thana cepet bisa utawa maksud apa sing diterangke gurune mau.
11. Cengkir ketindihan kiring: Wong lanang di dhisiki anggeni rabi dening adhine.
  Agram kuwi kang mase Thana.Thana kuwi duwe pacar jenenge Natha.Wong loro kuwi arep nikah.Agram during duwe bojo.Dadine Thana nglangkahi Agram.
12. Crah agewe bubrah,rukun agawe santosa: Pasulayan njalari ringkeh, kerukunan njalari kuwat.
  Bangsa Indonesia mesthi kalah ning peperangan.Amargi kurang rukun utawa kurang kerja sama.Perange daerah-daerahan.Bareng ana rasa rukun lan kerja sama.Rakyat Indonesialangsung nyerang Penjajah bareng-bareng.Penjajah kalah amarga bangsa Indonesia wis duwe rasa rukun.
13. Cikal apupus linar : Wong oleh bagian kang luwih saka musthine.
  Dina iki Thana ultah.Esuke ning sekolahan entuk hadiah 100,000 saka jajan 2 kelinci.Wektu sore Thana entuk amplop saka bank lan Thana menang undian 30.000.000 rupiah.Wektu bengi,Thana kaget ana hadiah ultah saka Agram pacare.

14. Kerubuhan Gunung : Wong nemoni kesusahan sing gedhe banget. 
  Agram pas bali sekolah tiba ning lapangan basket.Wektu nyebrang Agram ameh ditabrak motor.Sikile lecet kabeh.Ning omah didukani Pak Lakub,amarga bali telat lan ditelpon wali kelase,amarga Agram bijine elik-elik.
15. Kuncung nganti tumekan gelung : Suwi banget anggone ngenteni.
  Thana lan Natha arep belajar kelompok bareng ning omahe Athan.Thana lan Natha semayan mangkat bareng-bareng.Thana ngongkon Natha supaya ngenteni ning prapatan cedak SMP 3 jam 3.Sorene,Natha ngenteni Thana ning prapatan cedak SMP 3.Anggoni ngenteni suwi benget nganti tekan 5.Nyatane Thana mau keturon.
16. Mirang kampuh jingga : Mbalela marang Negara.
  Pahlawan rela mati kanggo mbela Negara lan merjuangke supaya Negara Indonesia cepet merdeka saka penjajahan.
17. Ngajari bebek nglangi : Panggawean sing ora ana paedahe. 
  Agram kawit wingi kerjaane ngelamun terus,padahal sesuk ana ulangan Bahasa Jawa.

18. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
  Adoo kuwi bocah sing becik,sakiki Adoo kuwi balane Odi.Odi kuwi bocah sing nakal,senengane ngrokok,bolos sekolah.Adoo sakiki melu-melu Odi.Adoo dadi ngrokok lan senengane bolos sekolah.
19. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
  Arga weruh coklat ning meja makan.Amarga Arga seneng coklat,coklate langsung dipangan Arga.Adike Arga,Argi teko saka dolanan nangis gara-gara coklate ilang.Arga njaluk pangapura karo Argi.Argi njaluk coklate bali meneh.
20. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
  Pak Gaga menika tiang ingkang sugih sanget.Daleme ageng sanget lan babunipun kathah sanget,Anaging sawetosin dintenPak Gaga punika gadah masalah wonten kantore lan dipunpecat.Pak Gaga dados mboten gadah punapa-punapa.Dalemipun disade lan mboten gadhah babu maleh.