Senin, 19 Oktober 2009

Tugas Pak Nyamat

 Nyinau Basa Jawa Kanthi Raos Tresna

Akih seng guneman yen bilih basa jawa iku angel. Malah ana barang seng nduwe pendapat yen nyinau basa jawa kuwi luwih angel disbanding karo nyinau basa manca. Mangka seng nduwe pendapat mau yo wong jawa. Kepriye kok bisa mengkana ?? Apa bener basa jawa iku angel tenan ? Guneme wong tua, sakbenere basa jawa iku ora angel. Menawa di gawe angel yo dadi angel tenan. Basa jawa dianggep angel amarga ing basa jawa ana seng di wastani undhak-usuk utawi unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa mau kaperang dadi papat. Ngoko lugu, ngoko alus, karma lugu, lan karma alus. Saking unggah-ungguhing basa jumlahe papat mau seng di anggep paling gampang yo ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh digunakake ing bebrayan Jawi, digunakake kanggo guneman wong tuwa marang wong enom, utawa anak, uga kanggo guneman bocah lan bocah, utawa wong tuwa marang wong tuwa kang wis cedhak srawunge.

Dene unggah-ungguh basa sing di anggep angel yakuwi basa karma alus, amarga kudu akeh ngapalake tembung-tembung, mligine tembung sing kanggo NGAOSI marang wong tuwa. Babagan undha-usuk utawa unggah-ungguhing basa KALAWAU tumrap para siswa bisa kasinau ing salebete wulangan basa jawa ing pawiyatan wiwit anane Keputusan Gubernur Jawi Tengah Nomer 895.5/01/2005 ngengingi Kurikulum Basa Jawa, Basa Jawa langsung dadi wulangan wajib sing diwenehke ing pawiyatan-pawiyatan wiwit tataran SD(Sekolah Dhasar) nganti tekan SMA(Sekolah Menengah Atas). Sakdurunge ana keputusan gubernur kasebut, wulangan basa jawa naming dienggo jangep-jangkep, namung diwulangke ing tataran SD tekan SMP. Sakpunika basa jawa entuk kalodhangan mirunggan, muga-muga wae bisa njalari basa jawa dadi ngrembaka, ora ajeg mrihatinake.

Akeh para nimpuna basa sing padha gunem bilih sejatine seng njalari basa jawa dadi mrihatinake kuwi ora liya ya saka wong jawa dhewe. Sakbagian gedhe wong jawa ora ngulinakake mawa basa jawa ing gesang paditene. Pawadane bilih basa jawa ora praktis, kurang komunikatif, lan liya-liyane. Kanyataan wekdal mau akeh kaluarga-kaluarga jawa anggene padha nggulawenthah putrane ora nganggo basa jawa. Utamane ibu-ibu, sanajan asli wong jawa, nanging kaya-kaya wis lali marang basa jawa. Kabukten pas nduwe putra, wiwit lair putrane wis dikulinakake mawa basa Indonesia. Babar pisan ora dikulinakake micara basa jawa.

Dadi para putra padha ora dhong marang basa jawa. Apa meneh unggah-ungguhe. Saperangan ibu-ibu kalamau padha kanda yen ing jaman teknologi sarwa maju kuwi basa jawa ora patek prelu lan malih sakpunika umume padha nganggo basa Indonesia. Pramila pilih nganggo basa Indonesia wae sing guneme gampang. Pamanggih kalawau ana benere nanging uga akeh klirune. Wis dingerteni ing akeh bilih basa jawa kuwi ora mung bisa kanggo srawungan wae.

Nabila Rifka